Cerbonan: luwih kenal ning kersem
Sapa wong cerbon kang ora weruh kersem? pastine weruh. Kersem nikuh asal mulane sih basa welanda yaiku "japanse kers" (ceri jepang) nah sebab wong cerbon baka ngomong balap dadia disebut kersem. ning indonesia dewek buah kersem ana uga sing nyebute buah kersen lan buah ceri.
Kang yayu perlu weru yen kersem niki anane dudu ning indonesia bae, dudu ning cerbon bae, apa maning dukupuntang. kersem aslie sing negara negara amerika yaiku meksiko, karibia, amerika tengah sampe ning peru lan bolivia. lho kok bisa nyampe ning indonesia? dadi kuh kang yayu, akhir abad 19-an kersem digawa maring filipina, lah terus nyebar seketika ning seluurh asia tenggara. bisane nyebar se asia tenggara karena kih kersem dibantu penyebarani ning manuk manuk golongan cici, codot lan menusa terutama menusa cilik kang doyan luru kersem ning pinggir dalan, karena eh karena wijile kersem kang super cilik ikuh ora bisa dicerna meskipun wis dileg ding satoan lan menusa sehingga wijile metu maing sing kotoran lan cukul normal, kih keren ya wijile kuat.
Usut punya usut ternyata wite kersem bisa sampe duwure 12 meter, tapi umume cuma cukul 3-6 meter pog, lantaran sering dianggep ngeganggu pondasian lan bahaya karena sering dipaneki boca lembut akhire kersem akeh kang ditebangi, weleh-weleh.
Buah kersem niku bentuke bunder cilik namung 1 sampe 1,5 cm bae. biasane cuma dipangan langsung ora dileg kulite, manis cis. sing enom wernane ijo yen wistua warnae nguning sampe abang morot niku wis manis. biasane ning kersem akeh manuk kicau sebab kersem biasa dadi pakan alamie manuk manuk kicau. ning sejeoring buah kang cilik mau ternyata wijile akeh bisa sampe ewuan, loh loh loh mantep yo. wijile cilik putih rada kuning alus. senajan buahe manis cis (manis nemen) ternyata eh ternyata bisa nggo obat diabetes lan asam urat. dan ternyata masih akeh maning khasiate.
Penulis: Ahmad Rifai, S.Pd.
fotografer: Syamsul Bahri
sumber gambar, pasar kramat, Dukupuntang.
Kritik saran mangga dikomen.
Sapa wong cerbon kang ora weruh kersem? pastine weruh. Kersem nikuh asal mulane sih basa welanda yaiku "japanse kers" (ceri jepang) nah sebab wong cerbon baka ngomong balap dadia disebut kersem. ning indonesia dewek buah kersem ana uga sing nyebute buah kersen lan buah ceri.
Penulis: Ahmad Rifai, S.Pd.
fotografer: Syamsul Bahri
sumber gambar, pasar kramat, Dukupuntang.
Kritik saran mangga dikomen.
Komentar
Posting Komentar